Sabtu, 27 Juli 2013

TIKET SUARGO ( kumpulan sholawat jawa )

يَااِمَامَ الرُّوْسْلِ يَاسَنَدِى    اَنْتَ بَابُ اللهِ مُعْتَمَدِى
فَبِدُ نْيَايَ وَاَخِرَ تِى      يَارَسُلَ اللهِ خُدْ بِيَدِى

Suargo tansah . mengo lawange
Di cawis ake . kanggo sopo wae
Sing kuat imane . becikamale
Rikolo urip . ono dunyone

Reff:
Tiket suargo regane murah
Nanging anehe akeh sinng wegah
Tumindak becik angel lakone
Akeh godone lan rintangane
Yen kuat imane slamet dunyone

Tiket neroko regane larang
Nanging sing seneng ko’ pirang”
Tumindak duso pancene gampang
Ojo nuruti godone syetan
Sing ngajak maring kesengsaraan

TOBAT ( kumpulan sholawat jawa )



يَارَسُوْلَ الله سَلَامٌ عَلَيْكَ   يَارَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَةً يَا جِيْرَاةَ الْعَلَمِيْن    يَاأُهَيْلَ الْجُوْادِوَالْكَرَامِ
Aku kelingan zaman nom-noman
Senengku dolan tanpo arah tujuan
Bengi mele’an awan keluyuran
Kelakuanku ora karu-karuan
Mergo akusembrono, anggonku milih konco
Saiki aku gelo mbiyen kok koyo ngono
Ya allah, ya rohman, kulo nyuwun ngapuro
Reff:
·         Sa’wise aku ngaji, sa,iki aku ngerti
Kumpul karo kiyai, bendino di tuturi
Insya allah wisora bakal tak baleni
Kabeh tumindak duso sing tak lakoni
Mugo-mugo allah kerso, nompo taubat kulo
Mugo-mugo allah kerso ngabulke panyuwun kulo

·         Bareng aku wis tuo, atiku kroso kecewo
Umurku entek musno, uripku kroso kecewo
Aku ngelingno maring sekabeh konco
Enggal tobato mumpung ajal urung tibo
Senajan dusomu madani, umpluk segoro
Yen tobat temenan allah, sing paring ngampuro

ISLAM KTP ( kumpulan sholawat jawa )



بَدَتْ يَامَوْلَانَ يَاحُسَيْن  بَدَتْ يَا اَبَازَيْنِ الْعَابِدِيْن

Jare ngaku islam kok namung KTP ne
( kok namung KTP ne )
Urip mung sepisan ojo sa’kepena’ke
( ojo sa’ kepenake )
Sing ora sembahyang baal rugi uripe

Jare ngaku islam
Kok namung KTP ne
Sing tekun sembahyang
Bakal mulyo uripe

Reff:
Ojo dupeh sugih bondo
Banjur ninggalno agomo
Elingo mbesuk yen sedo
Ra’ bakal di gowo

Ojo dupeh duwe pangkat
Banjur ninggalno sholat
Elingo mbesuk akherat
Bakal di hisab

AYO IBADAH ( kumpulan sholawat jawa )



صَلَّ اللهُ رَبُّنَاعَلَى النُّوْرِالْمُبِيْن    أَحْمَدَالْمُصْطَفَى سَيِّدِالْمُرْسَلِيْن

Itung-itung sepiro amalmu sak iki
Opo ngiro wis cukup kanggo sangu mati
Menowo wis mati ra’ bakal biso bali
Mulo sangu kudu disiapno saiki
Sa’ bagus”se menungso ning dunyone
Dowo umure tur akeh amal beci’e
Sa’ala”ne menungso ning dunyone
Dowo umure ananging olo amale

Reff:
Ciloko... ciloko mbesuk nasib uripe
Namung buru bondo dunyo
Kanti urusan akherat di lali ake

 Sengsoro... sengsoro kang mlarat nasib uripe
Namung mburu ing akherat
Kanti urusan dunyone di lirwa ake

Ayo podo tekun ngone nyambut gawe
Kanggo sangu urip ono ing dunyone
Ayo konco podo tekun ibadahe
Kanggo sangu mbesuk ono akherate
Kito kabeh bakal urip sa’lawase

GLOBALISASI ( kumpulan sholawat jawa )


صَلَّ اللهُ رَبُّنَاعَلَى النُّوْرِالْمُبِيْن    أَحْمَدَالْمُصْطَفَى سَيِّدِالْمُرْسَلِيْن

Ayo konco ninda’no urip sa’ben dino
Muno-muni tingkah laku do di toto
Amrih uripe mulyo ...
Reff:
Ketemu konco assalamu’alaikum
Oleh cobo astaghfirullah
Oleh nikmat alhamdulillah
Oleh musibah innalillah
Menowo ngumun masya allah

Iki zaman globalisasi
Akeh boah ga’gelem ngaji
Rino wengi nonton TV
Sing ditiru wong luar negri
Dadi wong tuo sing ati-ati

Sholat jama’ah jopodo wegah
Luru ilmu rinten ndalu
Tahajude di kulina’ne
Loro ati sowan kiyai
Nderes qur’an dadi wiridan