Sabtu, 27 Juli 2013

TOBAT ( kumpulan sholawat jawa )



يَارَسُوْلَ الله سَلَامٌ عَلَيْكَ   يَارَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَةً يَا جِيْرَاةَ الْعَلَمِيْن    يَاأُهَيْلَ الْجُوْادِوَالْكَرَامِ
Aku kelingan zaman nom-noman
Senengku dolan tanpo arah tujuan
Bengi mele’an awan keluyuran
Kelakuanku ora karu-karuan
Mergo akusembrono, anggonku milih konco
Saiki aku gelo mbiyen kok koyo ngono
Ya allah, ya rohman, kulo nyuwun ngapuro
Reff:
·         Sa’wise aku ngaji, sa,iki aku ngerti
Kumpul karo kiyai, bendino di tuturi
Insya allah wisora bakal tak baleni
Kabeh tumindak duso sing tak lakoni
Mugo-mugo allah kerso, nompo taubat kulo
Mugo-mugo allah kerso ngabulke panyuwun kulo

·         Bareng aku wis tuo, atiku kroso kecewo
Umurku entek musno, uripku kroso kecewo
Aku ngelingno maring sekabeh konco
Enggal tobato mumpung ajal urung tibo
Senajan dusomu madani, umpluk segoro
Yen tobat temenan allah, sing paring ngampuro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar